Minggu, 27 Maret 2011

nahk : syair karya gus dur

بسم الله الرحمن الرحيم

أستغفر الله رب الخطايا # استغفر الله من الخطايا
رب زدنى علما نافعا # ووفقنى عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك # يا رفيع الشان والدوج
عطفة ياجيرة العلم # ياأهيل الجود والكرم

ngawiti ingsun nglaras singiran # kelawn muji maring Pangeran
kang paring rohmat lan kenikmatan # rinolan wengi tanpo pitungan

duh bolo konco priyo wanito # ojo mung ngaji syari'at bloko
gur pinter ndongeng nulis lan moco # tembe mburine bakal sengsoro

gampang kabujuk nafsu angkoro # ing pepahese gebyaring dunto
iri lanmeri sugihe tonggo # mulo atine peteng lan nisto

ayo sedulur jonglalekake # wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngendelake iman tauhide # buguse sangu mulyomatine

kang aran sholeh bagus atine # kerono mapan saringelmune
lakuthoriqot lan ma'rifate # ugo haqeqot manjing rasane

al Qur'an qodim wahyuminulyo # tanpo tinulis iso di woco
ikuwejangan guru waskito # den tancepake ing njero dodo

kumatil ati lan pikiran # mrasuk ing badan lan jerohan
mu'jizat Rasul dadi pedoman # minongko dalan manjinge iman

kelawan Allah KangMoho Suci # kudu rangkulanrino lanwengi
ditirakati diriyadlohi # dzikir lansuluk jo nganti lali

uripe ayem rumongso aman # dununge roso tondo yen iman
sabar narimo najan pas-pasan # kabehtinaqdir saking Pangeran

kelawan konco dulur lan tonggo # kang podo rukun ojo daksio
iku sunnahe rosul kang mulyo # Nabi Muhammad panuntun kito

ayongelakoni sekabehane # Allah kang bakal ngangkat drajate
senajan asor toto dhohire # ananging mulyomaqomdrajate

lamun palastro ing pungkasane # ora kesasar roh lan sukmane
den gadang Allah swargomanggone # utuh mayyite ugoulese

www.nahk.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar